Tugu Yogyakarta

Koordhinat: 7°46′59″S 110°22′02″E / 7.782920627825076°S 110.3670853697517°E / -7.782920627825076; 110.3670853697517

Tugu Yogyakarta
Tugu Yogyakarta ing taun 1920-an

Tugu Yogyakarta inggih punika salah satunggalipun monumèn utawi tugu ingkang wonten ing Yogyakarta.[1] Tugu Yogyakarta dados simbul Kutha Ngayogyakarta ingkang paling misuwur.[1] Yuswanipun tugu punika sampun langkung saking tigang abad lan gadhah makna ingkang ageng minangka saksi sajarah Kutha Ngayogyakarta.[1]

Tugu Yogyakarta kalebet satunggalipun tugu utawi menara ingkang asring dipunangge minangka simbul/lambang saking Kutha Ngayogyakarta.[1] Tugu punika dipunyasa déning Hamengkubuwana I, pangarsanipun Karaton Yogyakarta.[1][2] Miturut kapitayanipun tiyang Yogyakarta, tugu punika gadhah makna simbolis lan dados garis ingkang asipat magis amargi dados penghubung Laut Kidul, Karaton Yogyakarta, lan Gunung Merapi.[1] Wangunan tugu punika nggambaraken Manunggaling Kawula Gusti, manunggalipun kawula kaliyan punggawa kanggé ngusir penjajah.[1] Semangat mangunggal punika dipunsebat golong gilig cetha kagambar ing wangunan tugu punika, tiangipun awujud gilig (silinder) lan pupusipun awujud golong (bulat), ngantos pungkasanipun dipunparingi nama Tugu Golong-Gilig.[1] Wontenipun tugu punika ugi dados patokan arah nalika Sultan Yogyakarta badhé ngawontenaken meditasi, ingkang ngadhep pupusipun Gunung Merapi.[1]

Wangunan Tugu Yogyakarta nalika nembé dipunyasa awujud cagak silinder ingkang mucuk manginggil, sisih wangunan ingkang ngandhap awujud pager ingkang ngubengi tugu, lan sisih pupus utawi pucukipun awujud bundher.[1] Nalika nembé dipunyasa tugu punika gadhah inggil 25 méter.[1][2]

Taun 1889, tugu punika dipunrenovasi pamarintah Walanda.[1] Tugu punika dipunrenovasi ing sadayanipun.[1] Nalika samanten tugu dipundamel awujud pasagi (pasagi) kanthi saben sisihipun tugu dipunparingi prasasti ingkang isinipun sinten kemawon ingkang ndhèrèk ngrenovasi tugu punika.[1] Pupusipun tugu dipun-gantos dados lancip boten kados wiwitanipun ingkang awujud bundheran.[1] Inggilipun tugu ugi dipunkirangi, inggih punika namung gadhah inggil 15 méter utawi langkung endhèp tinimbang wiwitanipun.[1] Awit prastawa punika, tugu punika dipunsebat De Witt Paal utawi Tugu Pal Pethak.[1][2]

Sejatosipun rénovasi tugu nalika samanten namung taktik Walanda kanggé ngirangi raos manunggal kawula kaliyan rajanipun.[1] Nanging, ningali perjuangan kawula lan rakyat Yogyakarta ingkang tetep ageng sasampunipun renovasi tugu punika, pungkasanipun usaha Walanda punika boten saged kasil.[1]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Tugu Yogyakarta Archived 2011-06-13 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  2. a b c Tugu Yogya Archived 2011-12-25 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne